Swuh rep data pitana, anenggih pundi ta ingkang adi dasa purwa,
eka marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Anenggih punika
nagari hadiningrat. Mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling nagari
ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warna,
satemah andadosaken adi miwah asri peni ing pandulu.
Ingkang sedaya kalawau sayekti mratandhani bilih, sakalangkung
ageng raos bombong bingahipun ingkang angrenggani wisma hamengku karya, inggih
panjenenganipun bapa………ingkang kepareng hamiwaha ingkang putra temanten
sekaliyan. Ingkang wekdal samangke sampun kepareng jengkar saking palenggahan
tumuju mring sasana busana arsa gantos pengageman. Punapa ta menggah pangageman
ingkang den agem putra temanten sekaliyan. Temanten sekaliyan mangagem busana
kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap
sunare angebaki salebeting wisma pawiwahan mubyar sumunar kadya sesotya
tinaretes kang kinarya rerengganing busana.
Yekti satemah anambahi kawibawane putra penganten sekaliyan
ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun
cinandra sirna sipating janma pindha sang Hyang Bathara Kamajaya miwah Bathari
Ratih mangejawantah.
Tindaking sri penganten sekaliyan den arak patah sakembaran
ingkang sarwa sami, dedeg piyadege, angagem busana ingkang sarwa kembar dhasar
taksih timur. Inggih punika anak ayu rara………ingkang anggambaraken raos sih
katresnan sri penganten kekalih ingkang datan saged pinisahaken sakedhap
kemawon. Anenggih sinten ta ingkang pinitados minangka suba manggalaning
lampah. Wenang den ucapna asesilih panjenenganipun bapa………ingkang anggadhahi
daya kawibawan agung ingkang satemah saged anyirep saliring tumindak.
Lamun cinandra Sang Hyang Bathara mangejawantah, mangarsani
tindakipun sri temanten sekaliyan ingkang asesanti : ing ngarsa sung tuludha.
Yekti manawi suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing
pradangga, katitik satindak tuwin satindak tansah mawi let wiramaning gendhing.
Tindakipun sri temanten sekaliyan ing sawingkingipun
kadherekaken satriya sakembaran. Sigit lan sentosa dedeg piyadegipun. La sinten
ta ingkang dados satriya sakembaran punika, wenang den ucapna sesilih nak mas
:....…..miwah nak mas :………ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten
pawiyatan…….mila para manggala suba gagah prakosa sampun pantes manawi saged
njagi ruwet rentenging penggalih saha rubedane penganten sarimbit. Sinambutan
ginarubyug sagunging putri dhomas cacah kawan atus.Ingkang sayekti sulistya ing
warni dhasar taksih mudha angagem busana ingkang sarwa edi peni. Dhasar wasis
angadi sarira dhemes luwes merak ati, yen sinawang saya dangu, saya angrunuhi
trengginas tindake sajak tregal-tregel anyemelangi nanging boten nguwatosi.
Sanggyaning para putri dhomas ingkang pindha widodari Cakrakembang tumurun kanthi suka parisukaning manah.
Sanggyaning para putri dhomas ingkang pindha widodari Cakrakembang tumurun kanthi suka parisukaning manah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar