Panyandra Temanten


Swuh rep data pitana, anenggih pundi ta ingkang adi dasa purwa, eka marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Anenggih punika nagari hadiningrat. Mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling nagari ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warna, satemah andadosaken adi miwah asri peni ing pandulu.
Ingkang sedaya kalawau sayekti mratandhani bilih, sakalangkung ageng raos bombong bingahipun ingkang angrenggani wisma hamengku karya, inggih panjenenganipun bapa………ingkang kepareng hamiwaha ingkang putra temanten sekaliyan. Ingkang wekdal samangke sampun kepareng jengkar saking palenggahan tumuju mring sasana busana arsa gantos pengageman. Punapa ta menggah pangageman ingkang den agem putra temanten sekaliyan. Temanten sekaliyan mangagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare angebaki salebeting wisma pawiwahan mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganing busana.
Yekti satemah anambahi kawibawane putra penganten sekaliyan ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindha sang Hyang Bathara Kamajaya miwah Bathari Ratih mangejawantah.
Tindaking sri penganten sekaliyan den arak patah sakembaran ingkang sarwa sami, dedeg piyadege, angagem busana ingkang sarwa kembar dhasar taksih timur. Inggih punika anak ayu rara………ingkang anggambaraken raos sih katresnan sri penganten kekalih ingkang datan saged pinisahaken sakedhap kemawon. Anenggih sinten ta ingkang pinitados minangka suba manggalaning lampah. Wenang den ucapna asesilih panjenenganipun bapa………ingkang anggadhahi daya kawibawan agung ingkang satemah saged anyirep saliring tumindak.
Lamun cinandra Sang Hyang Bathara mangejawantah, mangarsani tindakipun sri temanten sekaliyan ingkang asesanti : ing ngarsa sung tuludha. Yekti manawi suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing pradangga, katitik satindak tuwin satindak tansah mawi let wiramaning gendhing.
Tindakipun sri temanten sekaliyan ing sawingkingipun kadherekaken satriya sakembaran. Sigit lan sentosa dedeg piyadegipun. La sinten ta ingkang dados satriya sakembaran punika, wenang den ucapna sesilih nak mas :....…..miwah nak mas :………ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten pawiyatan…….mila para manggala suba gagah prakosa sampun pantes manawi saged njagi ruwet rentenging penggalih saha rubedane penganten sarimbit. Sinambutan ginarubyug sagunging putri dhomas cacah kawan atus.Ingkang sayekti sulistya ing warni dhasar taksih mudha angagem busana ingkang sarwa edi peni. Dhasar wasis angadi sarira dhemes luwes merak ati, yen sinawang saya dangu, saya angrunuhi trengginas tindake sajak tregal-tregel anyemelangi nanging boten nguwatosi.
Sanggyaning para putri dhomas ingkang pindha widodari Cakrakembang tumurun kanthi suka parisukaning manah.

Alamat Kami



Galeria Esti Dekorasi

























Koleksi Slide Show


Purwakaning Nawala Maya


Kapurwakan hangaturaken puja-puji syukur konjuk gusti Ilahi Robbi ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan satemah dlancang rerenggan menika saged katur ing ngarsa panjenengan.
Para pamiyarsa ingkang bagya mulya, nawala menika kasusun kanthi ringkes kagem sutresna ingkang badhe milah saha milih reroncening pahargyan.
Sae menika pahargyan rejang hernawa supit, pahargyan ambal warsa, pahargyan ijab kabul, pahargyan palakrama punapa dene tedhak sungging ugi titihan rinakit sesekaran. Sadaya kalawau kanthi ancas sageda nambahi kabregasan saha endahing swasana reseping pandulu.
Makaten atur purwaka nawala maya, sumangga kadang sutresna anggenipun badhe menggalih salajengipun mundhut ingkang dados nuju prana.
Akhirukalam, jenang sela wader kali sesonderan. Apuranta yen wonten lepat kawula.